Daily Archives: 1 Januari 2010

AJI NI BRAGOLA TEGUH ALOT ROSA


Ajian kekebalan yang ampuh untuk pertahahanan diri. Kebal tembakan bedil, senjata tajam apapun tidak mempan dan menguatkan badan dengan energi yang berlipat ganda. Cara mendapatkan ajian ini: Puasa mutih 7 hari 7 malam ditambah pati geni sehari semalam. Mantranya sebagai berikut:

 NI BRAGOLA, AREP MENYANG NGENDI SIRA, AREP NGLELANA MARING MEKAH MADINAH ANA GAWE SALAT SEMBAHYANG, DEN BEDIL KONTAL, DEN JARA MLURUT DEN TUMBAK MESEM DEN TATAH LATAH LATAH, TEGUH ALOT TEGUH ROSA SAKING ALLAH LA ILAHA ILALLAH, MUHAMMAD RASULULLAH.

@Wongalus,2010

Categories: AJI NI BRAGOLA | 11 Komentar

PUJA MANTRA RAHAYU SLAMET


BISMILLAHI WA RASULULLAHI, YA INGSUN JAMALULLAH YA INGSUN JALALULLAH, YA INGSUN KAMALULLAH, YA INGSUNG KAHARULLAH, YA INGSUN KA’BATULLAH, YA INGSUN RAHMATULLAH, YA INGSUN SIFATULLAH, YA INGSUN KANG MENGKUBUWANA KABEH, ALLAH LANGGENG, ALLAH SLAMET YA INGSUN KANG LANGGENG SALAWASE.

@Wongalus,2010

Categories: PUJA MANTRA RAHAYU SLAMET | 10 Komentar

PUJA PUJINE ILMU RASA AGEME PARA NABI


Ilmu rasa kang tinutur dingin, wacanen den alon panatah punika pedahe kinajrihan sasamining jalmi, apalna ing wengi Iki pujine YA ALLAH kaping 1000 Pan punika wonten puji malih, wacanen den alon temen-temen mring Allah ing mangke sasedyane tinekan Hyang Widi apalna ing wengi. Iki pujine YA RAHIMU kapung 1000 Pan punika wonten puji malih, wacanen sayektos lamun arsa dadi mantri gede den akatah pamujine, kinasih jalmi. Iki pujine YA MULIKU kaping 1000

Wonten puji kang piningit nabi, wacanen den gupoh, apalna malem jumungade patang atus sareng tengah wengi, kinasihan jalmi iki pujine YA KUDUSU kaping 400

Wonten puji kang sinelir malih, wacanen den alon apalena malem Jumungahe patang atus sareng tengah wengi, kinajrihan jalmi. Iki pujine YA MALIKU kaping 400

Iki pujine wong lungo pribadi wacanen den alon, manahira den madhep Allahe, turut marga mujiya den ening, rineksa Hyang Widhi. Iki pujine YA SALIMU kaping 999

Lamun sira meneda Hyang Widi, wacanen sayektos sakarsane tinekan janjine, manahira den madhep sawiji lan den ngati ati. Iki pujine YA MU’MINU kaping 1000

Yen sira arsa padang kang galih, wacanen menbolong, malem kemis wau pamujine, sanga dasa nggenira amuji, sareng tengah wengi. Iki pujine YA HAMINNU kaping 90

Lamun sira yen arsa basuki, wacanen alon sekul abang iku saranane, nggenya dahar pan sarwa amuji, liput ing bilahi. Iki pamujine YA MALIKU kaping 1000

Lamun sira anggetak ing jalmi, naratap ponang wong, anatapi mring sato kewane, satus kawan dasa kehing puji, kang mirsa samya jrih. Iki pujine YA JABARU kaping 140

Lamun sira luputa ing mimis, landhep wesi kaot dedaking yayah dedake dewe, binasmi ginawe landa nuli, desena badaning. Iki pujine YA KALLIKU kaping 1000

Iki puji arsa den alani, mring satrune kang wong, pijujiya neng ngarep lawang, satrunira nora anekani, yen masuk kang puji. Iki pujine YA DAREKU kaping 1000

Lamun sira arsa putra becik, lanang tuwin wadon, apalena ismune pat bae, lamun sira sahwat lawan rabi nalika meh mijil. Iki pujine YA HAWERU kaping 7 utawa 4

Poma poma Dalil Hadis kitab kang kinaot pan ageme para nabi kabeh yen apala ginanjar Hyang Widi sadina sawengi amuji Hyang Agung. Titi Dal 1799.

@Wongalus,2010

Categories: PUJA PUJINE ILMU RASA | 5 Komentar